NASKAH KETHOPRAK
Lampahan
BRUBUH SINGASARI ( KERTANEGARA LENA )
ADEGAN
1
Pasewakan Singasari, Prabu Kertanegara
lenggah dhampar, marak sowan Patih Raganatha, Aragani, Wiraraja, Maesa
Anabrang, Wijaya, Ardharaja.
P. Kertanegara
mbagekaken, sinawung Sekar Sinom :
Kertanegara : Sowanmu padha raharja
Matura
kepara ngarsi
Kadiparan
pawartanya
Majua ing
ngarsa mami
Raganatha: Sowan kula basuki
Sembah
kula mugi konjuk
Wiraraja: Sedaya
sami raharja
Amung kula
atur bekti
Kertanegara : Yen mangkono prayogakna lan
matura
Kalajengaken
pirembagan.
Kertanegara : Paman Patih Raganatha,
saksampunipun sekeca lenggah,
Keparenga
kula badhe nyuwun pawarta bab kahanan saha panguripaning para kawula Singasari.
Raganatha : Nun inggih anak prabu, awit
saking nugrahaning Sang Hyang Widhi dalah kawicaksanan paduka anggenipun
nyepeng pusaraning adil ing Singasari, para
kawula tansah pinayungan berkahing Gusti, kacihna among tani saged nambut gati
panen kanthi kathah, para sodagar layar saged dol tinumbas ingkang linangkung.
Malah kepara sami ngaturaken bulubekti, anak prabu.
Kertanegara : Mekaten paman, Wiraraja ?
Wiraraja : Inggih Sang Mahaprabu,
samanten ugi para nayakaning praja samya sengkut makarya ngembat watang aputung
ngejung kumbala ruwet,
mila pantes sinudarsana dening kawula dasih.
Maesa
Anabrang : Dhuh Sang Prabu, dene
prawira tamtama tuwin prajurit sami anggegulang olah kanuragan, bela dhiri,
saha gelaring perang. Samangsa-mangsa kaginakaken mboten badhe nguciwani.
Kertanegara : Sokur..Sokur..nek ngono nggonku
nyekel bang ijoning peprentahan bisa gawe makmur kawula Singasari. Ewadene
menawa ana samubarang kang ora trep, mula kepara gage padha nyaruwe kanggo
ngemutake panjenenganingsun.
Raganatha : Kasinggihan dalem anak prabu.
Kula kinten sampun trep sedaya lumampahing peprentahan menika.
Kertanegara : Inggih man, jalaran kula gadhah
pengajeng – ajeng murih Singasari menika langkung kuncara tinimbang rikala
jamanipun swargi Rama Wisnuwardhana. Mila kula badhe njembaraken praja kanthi
njajah Swarnabhumi.
Raganatha : Amit sewu ngger, menapa sampun
dipunpenggalih malih babagan menika, awit laladan Swarnabhumi taksih wonten
kekiyatan ageng inggih menika negari Sriwijaya. Langkung – langkung laladan
menika tebih lan kedah nyabrang samudra.
Kertanegara : Paman, menapa sampeyan ngremehaken
dhateng kekiyatan Singasari ? mangka sampeyan mangertos piyambak dereng dangu
prajurit Singasari saged numpes mengsah rikala Cayaraja ngraman.
Raganatha : Mboten ngaten ngger, nanging paduka
kedah waspada. Sanes bab ingkang gampil menawi badhe nelukkaken Swarnabhumi.
Wiraraja : Kepareng matur sinuwun.
Kertanegara : Piye Wiraraja ?
Wiiraraja
: Nyuwun pangapunten, leres
ingkang dipunngendikakaken ki Patih Raganatha. Kejawi menika, menawi prajurit
Singasari ngrabasa tanah Malayu, kekiyatan salebeting kraton badhe ringkih. Lan
kula kuwatos bilih samangke wonten parangmuka.
Kertanegara : Heh, anggonku bakal njajah
Swarnabhumi kuwi wis nganggo petung. Ora mung pikire bocah wingi sore. Swarnabhumi
mono kanggo gapura lumebuning para
sodagar saka manca kang lelayaran lan dedagangan. Menawa kelalon ingsun ngukup
Swarnabumi, sakliyane kanggo kemakmuraning kawula, uga bisa kanggo pancatan lehku
nggempur negara Mongol ing Tanah Tar-tar.
Aragani : Kepareng munjuk atur Sang
Prabu.
Kertanegara : Piye ?
Aragani : Ingkang abdi Panji Aragani
sanget anggenipun nyengkuyung gegayuhan paduka, badhe kula dhepani kanthi
kekiyatan kula. Sampun namung Swarnabhumi senajan ngemperi jagad kula sagah,
sedaya kagem kaluhuran lan kuncaraning Singasari.
Kertanegara : Hhaha..ha.. Bagus..bagus...niki
man, senajan tasih mudha nanging nggadhahi wawasan ingkang maju. Mboten kados
sampeyan, tuwa nanging kothong, mboten saged damel bombong ati kula. Mung
nuturi ora duwe eguh pretikel kang gumathok, mula wiwit saiki kalenggahan patih
pangarsa kula suwun lan Aragani dak sengkakake dadi pepatih Singasari. Dene
kowe Wiraraja, nadyan blegermu sudira ning nyalimu banci, Singasari ora butuh
nayaka kang wedi getih. Kalungguhan demung Amancapraja dak jaluk, lan kowe
sumingkira menyang Sumenep. Anabrang ?
M
Anabrang : Cumadhong dhawuh ?
Kertanegara : Kerigna wadya Singasari, budhala menyang
Malayu, aja pisan bali yen durung lebda ing karya.
M
Anabrang : Namung pengestu paduka
ingkang kula suwun.
Kertanegara : yah, dak pengestoni.
( Maesa Anabrang
medal pasilan, mlebet utusan saking Mongol, Meng-khi asmanipun )
Kertanegara : Iki ana sing sowan, sapa Aragani?
Eh, Patih Aragani. Hhaha.. wis Patih saiki kowe yoh..haha..
Aragani : Inggih kanjeng, nitik saking
busana dalah pasuryanipun, kados piyantun Tiongkok, sinuwun.
Kertanegara : Iyo..bakal ingsung purba. Heh
kisanak, pakulitanmu kuning mripatmu sipit, yen ora kurang pamawasku, kisanakan
pawongan saka manca ?
Meng-khi : Nun inggih sinuwun, dalem Meng-khi
utusanipun Sang Maharajadiraja Kaisar Kubhilai Khan saking Mongol.
Kertanegara : Mongol ? yoh..paran darunane ? apa
bakal memitran bab dedagangan utawa bakal sekuton nggempur mungsuh ?
Mengki : Mboten sang prabu, namung
badhe ngaturaken kintaka.
ingkang sepisan salam taklim katur prabu Kertanegara.
Kertanegara : ya, wis tak tampa.
Mengki : Ndungkap kaping kalihipun,
Sang Maharaja Kaisar ngajab ratu Jawa sang Kertanegara supaya ngakoni Kaisar
Kubhilai Khan pinangka ratu agung, kudu
asung bulubekti lan upeti marang Kaisar.
Kertanegara : Amung kuwi isining kintaka heh ?
Mengki : Inggih sinuwun.
Kertanegara : Ingsun bakal paring wangsulan, mara
nyedhakka Mengki.
Mengki : Sendika sinuwun.
( Nalika Mengki sampun
caket, Prabu Kertaneagara ngunus keris
lan nigas talinganipun Mengki )
Kertanegara : Iki jalukanmu..!! heh utusan,
ngertiya yen Kertanegara ora bakal teluk marang sapa wae kalebu ratumu. Ndang
minggata wadhul karo Kaisarmu kang sipit, Kertanegara ora wedi kepara Mongol
kang bakal dadi jajahanku.
Mengki : Kertanegara, aku mung dhuta
utusan parandene kowe nyikara kaya mangkene. Entenana ora gantalan wektu
Singasari bakal ajur.
(
Mengki medhal )
Raganatha : Anak prabu..
Kertanegara : Cukup..!!
(
Kertanegara kondur kedhaton, pasewakan dipunbibaraken )
ADEGAN
2
( Taman sari
Dalem Wirarajan. Abdi juru taman lan para emban sami gegojegan.Dhagelan
sacekapipun, lajeng mlebet garwa dalem Arya Wiraraja nama Dyah Rara Nareswari )
Emban : Bekti kula konjuk ndara ayu.
Abdi : Bekti kula katur.
Nareswari : Ya tak tanpa paman, biyung. Wis
pada ngasoa sawetara.
Emban : Inggih ndara ayu, menika
nembe mawon bibar benah – benah taman supados mboten mbeyuyut teng mripat.
Abdi : Jane rak sing marai taman
katon mbeyuyut ditonton yo kowe. Nek ndara ayu sing ana taman yo ditonton katon
endah.
Emban : We blai, rumangsamu, aku
mbiyen yo ora kalah karo ndara ayu.
Abdi : Dhek kapan?
Emban : Dhek isih enom.
Abdi : Halah, wit mbiyen raimu
ra malih kok. Isih kaya tumbu bolong. Pawakanmu yo tetep, lemu cendhek, mula
nek tuku kathok kaya corong minyak.
Emban : Aja ngewak – ngewakke,
anggepmu kaya bagus – bagusa dhewe. Praupanmu nek cara wayang kulit kuwi, wis
lulang wedhus saya kodanan, halah, ra ngukup blas.
Nareswari : Wis..wis.. biyung paman, aja
padha gojeg wae.
Abdi : Nyuwun ngapunten ndara
ayu, menika namung mbokmenawi saged nglipur paduka, ingkang sajakipun kok saweg
radi bingung.
Emban : Inggih ndara menapa wonten
ingkang dipunpenggalih?
Nareswari : Ngene biyung, iki wis bedhug
tengange kaya ngene, padatan Kangmas Wiraraja wis kondur. Lha kok saiki durung.
Emban : Inggih mboten maiben ndara,
wong Kanjeng Wiraraja menika sentana praja, mesthinipun saweg ngrembag bab
ingkang wigatos.
Abdi : Inggih ndara ayu, ingkang
nama pejabat menika nek rapat nggih dangu, malah kalamangsa mboten rampung, nek
cara sakniki nggih Deadlock menika.
Emban : Apa kuwi? Ra mudeng aku.
Abdi : Lha kowe ki ora tau
mengikuti perkembangan Fenomena Politik.
Emban : Walah, apa maneh kuwi,
fenomena-fenomana?
Abdi : Kae lho sing gaweane
mundhak.
Emban : Kuwi Pertamina nyuk.
Nareswari : Wis..wis..aja udur wae..lho kae
kangmas wis kondur..
(
Wiraraja mlebet, lenggah jajar kaliyan garwa )
Nareswari : Sungkem kula katur kangmas.
Wiraraja : Iya nimas,dak tampa.
Abdi+Emban : Bekti kula konjuk gusti.
Wiraraja : Iya paman biyung, kepriye
lehmu momong gustimu iki ?
Emban : Kalawau saweg ngudaraos dene
paduka kanjeng gusti dereng kondur, dene padatan wanci sakmenika sampun.
Abdi : Sajakipun kangen gusti.
Wiraraja : Oo mengkono. Apa bener nimas?
Nareswari : Inggih, wong wis yahmene kok
durung kondur.
Wiraraja : Yo pancen ing Singasari lagi
ana bab mirunggan kang kudu dirembug, mula pun kakang randat anggone kondur.
Nareswari : Ngaten, tak kira bar mampir
nyang ngendi.
Wiraraja : Lho ora mampir ngendi-ngendi
kok. Wong pun kakang iki yen sedelo wae ora cecaketan karo nimas, wes kaya
kapang banget.
Nareswari : Saestu? Mengko mung abang-abang
lambe thok.
Wiraraja : Lha iyo tenan, tresnaku mung
kanggo sliramu, kok ya isih sujana wae.
Abdi : Ehm..ehm..siit suuiitt...
Emban : Ngapa ta? nyela-nyela. Sinuwun
lagi ngendikan. Iyig wae.
Nareswari : Menawi mekaten, mangga kembul
dhahar kangmas, sampun kula cawisaken klangenan paduka. Kula mboten purun
dhahar menawi mboten kaliyan kangmas.
Abdi : Iki lho yu, sing jenenge
istri teladhan. Yen kakunge durung kondur ora kersa dhahar. Kudu bareng. Lha
nek kowe panganan wae diumpetke, trima bosok timbang dipangan wong liya.
Emban : Yo ben. Nek kowe weruh
panganan ra iling sapa-sapa. Mbok gaglak ijen.
Wiraraja : Nimas. Sakdurunge dhahar,
mangertiya menawa wiwit saiki pun kakang wis dudu Demung Amancanegara maneh,
amarga wis dilorotake kulungguhane pun kakang. Saiki pun kakang mung pangkat
adipati Sumenep ing Madura.
Nareswari : Lha kok saged mekaten kangmas?
Wiraraja : Iya, jalaran pun kakang ora
sarujuk karo panemune sinuwun Kertanegara kang bakal njajah Tanah Malayu.
Nareswari : Inggih mboten dados menapa
kangmas, wong nggih paduka sampun sepuh, wekdal ingkang lodhang kedah kagem
manembah dhateng Gusti.
Wiraraja : Dudu perkara kuwi. Yen drajat
pangkat mono mung sandhangane urip, nanging saeba wirangku dene kalorotake
kalungguhanku ing ngarepe para nayaka praja liyane kanthi tanpa pakurmatan.
Nareswari : Lajeng kersa paduka kangmas.
Wiraraja : Yen utang bandha bisa
dibalekake, nanging yen utang wirang labuhe tekan pati. Mula aku prasapa :
SINGASARI KUDU RUBUH !!
Nareswari : Aduh kangmas, mbok nggih sampun.
Mboten perlu ngendika mekaten kangmas.
Wiraraja : Ora menda kanepsonku nimas,
durung marem rasaku yen durung kelakon sumpahku. Wis saiki nimas tata-tata
boyongan menyang Sumenep. Pun kakang bakal nimbali Wirondaya.
Nareswari : Inggih kangmas.
(
Nareswari, emban, abdi mlebet, Wirondaya medhal )
Wiraraja : Majua rene Wirondaya.
Wirondaya : Kula kanjeng.
Wiraraja : Ana pakaryan kang abot kanggo
kowe. Apa kira-kira kowe saguh ?
Wirondaya : Pejah gesang kula nderek paduka
kanjeng.
Wiraraja : Bagus, aturna niwala iki
marang prabu Jayakatwang ing Kedhiri. Welingku, aja pisan – pisan kadenangan
sapa wae, yen nganti gagal, dak pancung sirahmu.
Wirondaya : Inggih nyuwun pangestu.
(
Wirondaya ngasta niwala medal, Wiraraja mlebet )
ADEGAN
3
( Kraton
Kedhiri, Prabu Jayakatwang dipunadhep Patih Jaran Guyang lan senapati Kebo
Mundarang pepak andher para sentana, nampi sowanipun utusan saking Arya
Wiraraja, pun Wirondaya )
Jayakatwang : Jaran Guyang, iki ana kang
sowan, apa kowe ngerti sapa ?
Jaran
Guyang : Nuwun gusti,
kula ugi dereng pana.
Jayakatwang : Coba purbanen Jaran
Guyang.
Jaran
Guyang : Dhawuh sinuwun.
Heh pawongan, wingking pundi pinangka ngajeng pundi pun sedya, kisanak ?
Wirondaya : Wingking saking
Wirarajan, sudi amastani kula pun Wirondaya, dene sedya kula badhe ngaturaken
niwala saking kanjeng Wiraraja katur sinuwun prabu Jayakatwang.
Jayakatwang : Saka kakang Wiraraja ?
mara ndang aturna. Apa baya dene sajak wigati.
(
Niwala kaparingaken, Prabu Jayakatwang maos kanthi wijang )
Jayakatwang : ” Sang Nata amba tur wikan, yen paduka karsa ambereg lit nguni, mring
pategalan lawas, prayogine linakyan samangkin, mumpung nuju ing mansa prayoga,
tan na walang salisike, tan woten bajulipun, sima sepen banthengira wis, eri
tanapi sarpa, tanana sadarum, wonten uga samanira, mung sayuga nanging wus
ompong tan nggigit, mung mataken turira ”
Hhaha..haha..ha..hheahaa..
Kebo
Mundarang : Wonten menapa
sinuwun dene paduka gumujeng lakak-lakak ?
Jayakatwang : Hhaha..Kebo Mundarang, yo
saiki Kedhiri bakal ngrebut panguwasa.
Jaran
Guyang : Kanthi dhasar
menapa sinuwun ngendika mekaten ?
Jayakatwang : Kakang Wiraraja asung
sasmita menawa Singasari saiki lagi ringkih. Mula aja wedi kangelan, ketabna
wadya bala Kedhiri.
Wadya
Bala : Sendika dhawuh.
Jayakatwang : Kebo Mundarang, bidhungen
prajurit Singasari saka kidul, yen wis kabidhung ingsun lan Jaran Guyang nggempur
Singasari saka lor.
Kebo
Mundarang : Kepareng madal
pasilan sinuwun.
Jayakatwang : Sing ngati-ati.
(
Sedaya sami medhal )
ADEGAN 4
( pesanggrahan tapal
wates sisih kidul Singasari. Raden Wijaya pirembagan kaliyan Sora, Nambi, lan Lawe
saha para prajurit )
Wijaya : Kakang Sora,
miturut telik sandhi, prabu Jayakatwang ing Kedhiri bakal merong kampuh jingga
tegese mbrontak marang rama prabu Kertanegara.
Sora : Menapa sampun
saestu? Kula kinten prabu Jayakatwang menika besanan kaliyan sinuwun
Kertanegara.
Wijaya : Pancen mangkono.
Mula aku durung bisa mestekake lan durung munjuk atur marang rama prabu.
Lawe : Nanging sampun
ngantos raden Wijaya linggar ing kaprayitnan.
Wijaya : Bener aturmu
dhimas, nadyan isih sedulur nanging ngenani bab kalungguhan sok kalamangsa
padha jegal-jegalan.
Nambi : Inggih raden, lan
menawi saestu Kedhiri badhe mbalela, sanget mbebayani awit kekiyatan Singasari
saweg ringkih.
Wijaya : Mengkono uga kang
ana pikirku. Nanging dak jaluk aja padha cilik atimu, semangsa mangsa ana
mungsuh kudu tetep dipethukake.
Wadya
Bala : Inggih...inggih...
(
Kepireng swara getaping prajuring Kedhiri, mrepegi pesanggrahan )
Wijaya : Mandheg. Ora weruh ing budi. Heh wong
Kedhiri, balia.
Kebo
Mundarang : Wijaya..aja kakean wuwus..
( dados perang
amuk-amukan, prajurit Kedhiri kawon,
lajeng mlajar dipunoyak dening prajurit Singosari )
ADEGAN
5
( Kraton
Singasari sampun jebol saking sisih ler, prajurit Singasari dipunpandhegani
Ardharaja mengsah Prabu Jayakatwang lan Patih Jaran Guyang. Dados caturan )
Jayakatwang :
Ardharaja, anakku ngger.
Ardharaja : Kanjeng rama, nadyan
paduka ingkang ngukir jiwa raga kula, nanging kula minangka senapati Singasari
kedah netepi jiwa kasatriyan.
Jayakatwang : apa ya klakon kowe bakal
tega karo bapakmu dhewe? Mangka ingsun nduwe gegayuhan mulyakake sliramu ngger.
Ardharaja : Nanging rama.
Jayakatwang
: Apa kowe ora runtik
wangsa Kedhiri dadi telukkane dharah Singasari kang mung turun saka Begal Ken
Arok ? Apa kowe ora kepengin Praja Kedhiri kuncara maneh kaya duk rikala prabu
Jayabaya?
Jaran
Guyang : Nakmas
Ardharaja, mangga kula aturi wangsul lan manunggal kaliyan Kedhiri, mbudidaya
sesarengan keng rama.
(
Ardharaja legeg jroning manah, nanging maksih abot ingkang rama )
Ardharaja : Menawi mekaten kula
namung ndherek paduka rama.
Jayakatwang : Aduh putraku, yo kuwi sing
jenenge anak anung anindhita.
(
Prajurit Kedhiri lajeng mlebet kedhaton Singasari )
ADEGAN 6
( Ing Kedhaton
Singasari, Prabu Kertanegara nginum tuak lan ciu dipun adhep Prameswari miwah
para putri )
Prameswari : Mbok sampun sinuwun,
menika lho pasuryanipun sampun abrit.
Kertanegara : Yayi ratu, tambahana
maneh.
Prameswari : lho rak apa, malah
tandhuk.
Putri : Kanjeng rama,
tiyang mendem menika mboten sae.
Kertanegara : hhaha..hmm..nek aku ora
mendem,ora bakal ana kowe,hmmhm..
Prameswari : Paduka menika lho,
ngendikanipun sampun ngelantur.
Kertanegara : Nyatane rak ngono to.
Prameswari : Menawi kepireng para
emban rak nggih lingsem sinuwun.
Kertanegara : Hahaha...silirna maneh
yayi ratu...iki wis kothok unjukanku.
(
Dumadhakan Patih Aragani mlebet Kedhaton )
Aragani : Kedrawasan
sinuwun,kedrawasan.
Kertanegara : Hmm...iki sapa ya?
Aragani : Kula pun abdi
Aragani sinuwun.
Kertanegara : Oh, kowe..kene-kene
ngombe bareng aku.
Aragani : Aduh sinuwun,
Singasari bedhah, prabu Jayakatwang mbalela, malah sampun badhe mlebet
Kedhaton.
Kertanegara : Heh, kowe ngomong apa.
Ora cetha
Aragani : Jayakatwang
mbalela, Singasari sampun bedhah, mangga kula aturi ngungsi kemawon sinuwun.
Kertanegara : Hah, ora ngandel.
Jayakatwang kuwi besanku, mabuk kowe yaa.
Aragani : Saestu Gusti, kula
matur presajan.
(
Jayakatwang dalah prajurit mlebet kedhaton, Patih Aragani tiwas kakroyok )
Kertanegara : Jayakatwang to iki, kok
ora cecala luwih dhisik bakal teka,heh.
Jayakatwang : Endah-endah raja goblok,
iki patihmu wis modar, sedela engkas kowe yo ngono. Malah mendhem
Kertanegara : Kene-kene ngunjuk yayi
prabu.
Jayakatwang : Mati kowe..!!
( Jayakatwang
ngunus keris katancepaken dhadhane Kertanegara, pejah sanalika )